Postingan

Menampilkan postingan dari Juli, 2020

KURBAN

Gambar
Oleh: Zamahsari Abdul Azis, S.Pd.I, M.Si Alhamdulillah kito umat islam mengeti riyadin kurban, ingkang dipon awiti siyam sunat  kaleh dinten ingkang dipon wastani tarwiyah lan arofah, kados ingkang dipon dawuhakan dening kanjeng nabi صيام يوم عرفة أحتسب على الله أن يكفر السنة التى قبله والسنة التى بعده Siyam arofah saget nggosok dosa setahun kepengker ugi doso setahun ingkang bade dugi  (HR.Muslim) Saben tahun umat islam merayakan riyadin kurban wonten ing tanggal 10 dzulhijjah, dene dinten riyaden puniko minongko peringatan tumrap pengalaman ruhaninipon nabiyyullah Ibrohim AS, dene bentuk peringatan atas pengalaman ruhanini meniko ingkang langkung jangkep kagambarakaen wonten ing pelaksanaan ibadah  haji ingkang katindaake dening umat muslim sedoyo. Sejarah wontenipon korban sejatose sampun dipon lampahi umat manungso wiwit awal peradaban manungso, bahkan wiwit generasi pertama putro-putro nipon nabi Adam umat manungso sampon mengenal nopo ingkang dipon wastni ...

Iman, Islam, Ihsan

Gambar
Takseh nglajengaken bahasan wonten ing dinten kepengker, ingkang gegayutan kaliyan nopo ingkang dipon ajaraken kanjeng nabi Muhammad SAW. Salah satunggalipon hadis ingkang saget nggambaraken konsep pokok ajaranipon nabi Muhammad SAW, inggeh puniko hadis ingkang dipon riwayataken dening Imam bukhori lumantar sahabat Umar bin khotob.; cinarito wonten ing salah setunggalipon wekdal nalikane kanjeng nabi kempalan kaliyan poro sahabat dipon rawuhi dening piyantun kakung ingkang poro sahabat dereng nate pirso piyantun meniko. Banjur tiyang kolowahu nderek gabung dateng majelisipon kanjeng nabi kaliyan poro sahabatipon, wonten ing tengahe majelis tiyang kolowahu tangklet dateng kanjengn nabi ngenani babagan iman, islam ihsan.           Naliko nabi dipon tangkleti ngenani iman kanjeng nabi ndawuh aken : أن تؤمن بالله وملائكته وبكتبه وبرسله وتؤمن بالبعث      Naliko dipon tangkleti babakan islam panjenangipon nabi Muhammad paring jawaban : أن...

IMAN

Gambar
Oleh : Zamahsari Abdul Azis Kanjeng nabi Muhammad SAW dipun utus allah SWT dateng tengah-tengahipon umat manungso kelawan mbeto agama enggal inggih puniko agami islam. Panjenaganipon Nabi Muhammad nggambaraken, ingkang dipon wastani agami kelawan kalimat ingkang cekak aos nanging kebak makno. Panjenanganipon ndawuh aken   الدين المعامة   agami meniko sesrawungan utawi agami meniko interaksi. Sesrawungan utawi interaksi   meniko saget lumampah ing antawisipon, Manungso kelawan pengeranipon, manungso kelawan sak podo podo, lan manungso kelawan lingkungan utawi alam. Kranten agami meniko merupakan hubungan timbal balik ing antawisipon manungso kelawan 3 unsur kolo wau, prmilo saget dipon tarik kesimpulan bileh hubunganipon manungso kelawan pengeran meniko sae, mesthi sesrawunganipon kaliyan sak podo-podo lan alam ugi sae, kanthi ungkapan lintu, saget diaturaken bileh manungso meniko sae anggenipon ngibadah dateng allah insyaalah ugi bakal rukun lan tresno marang sakpodo-...