Iman, Islam, Ihsan
Takseh nglajengaken bahasan
wonten ing dinten kepengker, ingkang gegayutan kaliyan nopo ingkang dipon ajaraken
kanjeng nabi Muhammad SAW. Salah
satunggalipon hadis ingkang saget nggambaraken konsep pokok ajaranipon nabi
Muhammad SAW, inggeh puniko hadis ingkang dipon riwayataken dening Imam bukhori
lumantar sahabat Umar bin khotob.; cinarito wonten ing salah setunggalipon
wekdal nalikane kanjeng nabi kempalan kaliyan poro sahabat dipon rawuhi dening
piyantun kakung ingkang poro sahabat dereng nate pirso piyantun meniko. Banjur
tiyang kolowahu nderek gabung dateng majelisipon kanjeng nabi kaliyan poro
sahabatipon, wonten ing tengahe majelis tiyang kolowahu tangklet dateng
kanjengn nabi ngenani babagan iman, islam ihsan.
Naliko nabi dipon tangkleti ngenani iman kanjeng nabi
ndawuh aken :
أن
تؤمن بالله وملائكته وبكتبه وبرسله وتؤمن بالبعث
Naliko dipon tangkleti babakan islam panjenangipon
nabi Muhammad paring jawaban :
أن
تعبد الله ولا تشرك به وتقيم الصلاة وتؤدى الزكاة المفروضة وتصوم رمضان
Naliko dipon tangkleti babagan ihsan :
أن
تعبدالله كأنك تراه فإن لم تكن تراه فإنه يراك
Nyembaho marang allah koyo-koyo sliramu biso ningali
wujude allah, ananging yen ora biso koyo mengkono, rumongsoho yen sliramu
tansah ono ing pengawasane allah SWT.
Banjur poro sahabat gawok, nggumun kelawan lakune
piyantun kolowahu, kranten saben-saben nabi njawab pitakonipon ugi tiyang
kolowahu ingkang mbeneraken jawabanipon kanjeng nabi, banjur saksampune kanjeng
nabi nerangkaen alamatipon dino qiyamat, piyanton kolowahu mundur saking
ngarsane kanjeng nabi ugi poro sahabatipon, poro sahabat sami tangklet
dateng kanjeng nabi ngenani piyanton kolowahu, wong tengklet kok sekaligus
mbeneraken, selajenh nabi paring dawuh
ذاك
جبريل أتاكم ليعلمكم دينكم
“Mengkono mau jibril, kang teko marang sliramu kabeh, saperlu
mulang marang sliramu babagan agama mu”
Hadis menikolah ingkang dipon dadosaken salah
setunggalipon dasar dening poro ulama ingdalem ngrumusaken yen rukun iman meniko
jumlahe 6 lan rukun islam jumlahe wonten 5 kados ingkang kulo panjenengan sami
sampon sumerapi.
wonten
ing kesempatan ingkang kebak barokah meniko sekedik bade kaaturaken menopo
ingkang gegayutan kaliyan islam lan ihsan. Saking sudut pandang etimologi utawi
bahasa, islam anggadahi makna penyerahan, sahingga tiyang muslim meniko ateges
tiyang ingkang menyerah, makna menyerah meniko boten kendel wonten ing
penyerahan secara fisik kemawon, ananging ingkang menyerah ugi jiwo lan
fikiranipon, kranten saget kemawon tiyang meniko menyerah ananging namung
sebatas fisik ipon kemawon, jiwo lan fikiranipon awerat kagem nyerah. kosok
wangsulipun bileh tiyang meniko sampon saget berserah jiwo lan rogonipon, insyaallah bade langkung maksimal anggenipon nglampahi rukum islam, sahingga
wonten ing titik niki saget dipon bentenaken pundi ingkang kawastanan muslim
ingkang taat, kaliyan pundi ingkang kawastanan muslim ingkang boten taat.
Menawi
dipon damel conto, seorang petinju ingkang dipon pukul KO kaliyan musuh ipon,
saget diwastani petinju meniko menyerah kranten sampon mboten mampu
melanjutkan pertarungan, ananging model nyerah ingkang kados mekaten boten
pas menewi dipon wastani kelawan istilah islam lan pelakunipon
dipon wastani kelawan istilah muslim, kranten besar kemungkinan
penyerahan meniko hanya sebatas penyerahan fisik kemawon karanten sangat mungkin
wonten ing saklebete manah petinju ingkang kalah kolowahu, takseh pengin wontenipon pertarungan ulang,
kranten namong fisik kemawon ingkang
nyerah, anapon fikiran lan manahipon menolak untuk menyerah.
Contoh utawi gambaran wonten ing nginggil kolowahu
menawi dipon terapaken wonten ing hal agami dereng saget ndadosaken pelakunipon
dipon wastani muslim, kranten islam meniko menuntut wontenipon pembenaran hati,
pengakuan kelawan lesan, lan aktivitas anggota badan kagem patuh dateng allah
SWT.
Agomo lan printahipon allah dipon turunaken dateng
kito umat manungso boten kagem dipon pertimbangaken, sahinggo ingkang dipon
lampahi lan dipon percados namong printah lan tunutunan ingkang nyocoki kelawan
nalar. ananging kosok wangsulipon, agama, printah lan laranganipon allah meniko
ditetapkan untuk dipercaya dan dilaksanakan sebagaimana yang diperintahkan
allah SWT, sae printah soho larangan meniko
saget dipon pahami nalar utawi boten, wonten ing mrikilah penting ipon
penyerahan total saking kito umat manungso, menyerah jiwa dan raga,
Ihsan
ateges kebajikan utawi kawicaksanaan, ihsan boten kemawon kawicaksanan biasa,
ihsan meniko puncakipon wicaksono. Ihsan anggadahi makna langkung inggil
tinimbang makna adil, kranten nopo, bileh adil meniko memperlakukan tiang lintu
sesuai kaliyan perlakuanipon dateng kito, ananging menawi ihsan memperlakukan
tiyang lintu langkung sae tinimbang perlakuanipon dateng kito, Adil inggeh
puniko mundut sedanten hak kito lan pareng dateng tiyang lintu nopo ingkang
dados hak ipon, ananging ihsan paring langkung kathah nopo ingkang kedah kito
paringaken, lan mendet langkung sekedik nopo ingkang kedah kito pendet. Menawi
kaliyan sesami manungso, ihsan meniko kalampah bileh kito saget memposisikan
awak kito, wonten ing posisinipon tiyang lintu, sahingga saget pareng dateng
tiyang lintu nopo ingkang sakmesthinipon kaparengaken dateng awak kito piyambak.
Dene
antawisipon manungso lan pengeranipon, ihsan inggeh puniko leburipon diri
sahinggo namung ngrumahosi hadir ipon allah kemawon, kados ingkang kasebat
wonten dawuhipon njeng nabi :
أن
تعبدالله كأنك تراه فإن
لم تكن تراه – سبحانه وتعالى – فإنه يراك
Nyembaho gusti allah koyo koyo seliramu bisa mersani
gusti allah, ananging yen oro biso koyo mengkono, rumongsoho yen allah tansa
mirsani lan ngawasi seliramu
Selajengipon saget kito simpulaken, dene
ingkang kawastanan iman utawi kepercayaan meniko inggeh anggen nipon mbenerakan
manah dateng perkoro ingkah dipon imani, iman meniko anggadahi sifat mengikat/nyencang,
ateges menawi tiyang meniko sampon iman kelawan wujude allah pramilo tiyang
meniko kedah patuh dateng printah lan laranganipon allah, kranten anggadahi
sifat mengikat meniko iman ugi saget dipon wastani aqidah,
ingkang secara bahsa anggadahi makana ikatan, iman bersemai dalam hati mboten
ketingal wonten ing kasunyatan.
Anapun Islam minongko buah utawi dampak saking iman,
islam ugi kawastanan syari’ah ingkang secara bahasa anggadahi
makna belik/sumberan banyu, kados lumrahipon sumber ingkang njebul dateng
permukaan, pramilo islam kedah katon lan tiningal kelawan netro.
Dene ihsan meniko buah/dampak saking kekalehipon, iman lan islam ingkang sahe bakal bade nuwohaken ihsan, ihsan merupakan budi pekerti ingkang ndadosaken hubungan harmonis, antawes ipon manungso kelawan pengeranipon, antawisipon manungso kelawan sesaminipon lan manungso kelawan lingkungnipon. Pramilo sampon sampurno nopo ingkang dipon beto kanjeng nabi muhammada SAW, inggeh meniko; iman, islam, ihsan, utawi ngagem istilah lintu inti saking ajaran ipon nabi Muhammad inggeh puniko aqidah, syari’ah, lan akhlak.
Baarokallahu li wa lakum

Bahasa Jawanya mantap pak. Harus dilestarikan
BalasHapus