IMAN
Oleh : Zamahsari Abdul Azis
Kanjeng nabi Muhammad SAW dipun utus allah SWT dateng
tengah-tengahipon umat manungso kelawan mbeto agama enggal inggih puniko agami
islam. Panjenaganipon Nabi Muhammad nggambaraken, ingkang dipon wastani agami
kelawan kalimat ingkang cekak aos nanging kebak makno. Panjenanganipon ndawuh
aken الدين المعامة agami meniko sesrawungan utawi agami meniko
interaksi.
Sesrawungan utawi interaksi meniko saget lumampah ing antawisipon, Manungso
kelawan pengeranipon, manungso kelawan sak podo podo, lan manungso kelawan
lingkungan utawi alam.
Kranten agami meniko merupakan hubungan
timbal balik ing antawisipon manungso kelawan 3 unsur kolo wau, prmilo saget
dipon tarik kesimpulan bileh hubunganipon manungso kelawan pengeran meniko sae,
mesthi sesrawunganipon kaliyan sak podo-podo lan alam ugi sae, kanthi ungkapan
lintu, saget diaturaken bileh manungso meniko sae anggenipon ngibadah dateng
allah insyaalah ugi bakal rukun lan tresno marang sakpodo-podo, ugi mboten bade
ngrusak alam utawi lingkungan sekitaripon. Kranten hal meniko selaras kaliyan
nopo ingkang sampon dipon dawuhaken kanjeng nabi
إنما بعثت
لأتمم مكارم الأخلاق
saktemene aku, ingsun nabi Muhammad, di utus kanggo nyampurnakne
piro-piro akhlak kang minulyo.
Salah satunggalipon hadis ingkang saget
nggambaraken konsep pokok ajaranipon nabi Muhammad SAW, inggeh puniko hadis
ingkang dipon riwayataken dening imam bukhori lumantar sahabat umar bin
khotob.; cinarito wonten ing salah setunggalipon wekdal nalikane kanjeng nabi
kempalan kaliyan poro sahabat dipon rawuhi dening piyantun kakung ingkang poro
sahabat dereng nate pirso utawi kepanggih piyantun meniko. Banjur tiyang
kolowahu nderek gabung kempalanipon kanjeng nabi kaliyan poro sahabatipon,
wonten ing tengahe majelis tiyang kolowahu tangklet dateng kanjengn nabi
ngenani babagan iman, islam lan ihsan
Naliko nabi dipon tangkleti ngenani iman, kanjeng nabi ndawuh aken
أن تؤمن
بالله وملائكته وبلقائه وبرسله وتؤمن بالبعث
Naliko dipon tangkleti babakan islam
panjenangipon nabi Muhammad paring jawaban
أن تعبد الله
ولا تشرك به وتقيم الصلاة وتؤدى الزكاة المفروضة وتصوم رمضان
Naliko dipon tangkleti babagan ihsan,
kanjeng nabi paring dawuh
أن تعبدالله
كأنك تراه فإن لم تكن تراه فإنه يراك
“Nyembaho
marang allah koyo-koyo sliramu biso ningali wujude allah, ananging yen ora biso
koyo mengkono, rumongsoho yen sliramu tansah ono ing pengawasane allah SWT”
Banjur poro sahabat gawok, nggumun kelawan
lakune piyantun kolowahu, kranten saben-saben nabi njawab pitakon, ugi tiyang
kolowahu piyambak ingkang mbeneraken jawabanipon kanjeng nabi, banjur
saksampune kanjeng nabi nerangkaen alamatipon dino qiyamat, piyanton kolowahu
ilang saking ngarsane kanjeng nabi ugi poro sahabatipon, banjur poro sahabat
sami tangklet dateng kanjeng nabi magepokan piyanton kolowahu, wong tengklet
kok sekaligus mbeneraken, banjur nabi paring dawuh :
ذاك جبريل
أتاكم ليعلمكم دينكم
“Mengkono
mau jibril kang teko marang sliramu kabeh saperlu mulang marang sliramu ngenani
agama iro kabeh”
Hadis menikolah ingkang dipon dadosaken
salah setunggalipon dasar dening poro ulama ingdalem ngrumusaken yen rukun iman
meniko jumlahe 6, lan rukun islam jumlahe wonten 5, kados ingkang kulo
panjenengan sami sampon sumerapi.
Selajengipon
nopo ingkang dipon wastani iman?
Iman secara bahasa anggadahi
makno “mbenerake”/ “pembenaran”, wonten ulama ingkang ndawuhaken bileh iman
meniko pembenaran hati terhadap apa yang di dengar telinga sehingga pembenaran
akal saja tidak cukup, ananging menawi ngagem sudut pandang agami islam,
ingkang dipon wastani iman meniko pembenaran ingkang menyangkut nopo kemawon
ingkang dipon sampek aken dening nabi Muhammad SAW ingkang pokok-pokok ipun
kalebet wonten sakjeroning ruku iman. Ugi iman meniko anggadahi sifat mengikat,
ateges menawi kulo panjenengan sami percados utawi iman kelawan wujud ipon
allah pramilo kulo panjenengan sami ketatrapan perintah supados tho’at kelawan
perintahipon allah SWT. Kranten sifat mengikat meniko iman ugi diwastani AQIDAH yang secara bahasa memiliki makna
bundelan utawi ikatan.
Ingkang dipon wastani iman ugi matingkat-tingkat maqom utawi
pangkat ipon, ngantos tingkatan iman ingkang paling inggil dipon wastani yaqin,
maqom yaqin ugi kaperang dados 3 tingkat, diawiti kaliyan maqom ilmul yaqin,
‘ainul yaqin lan ingkang paling inggil di pon wastani haqqul yaqin.
Maqom ‘ilmu yaqin, menawi
dipon gamabaraken, kados menawi kulo panjenengan dipon tangkleti, opo sliramu
yaqin anane kutho makkah? Mesthi kulo panjengan sami bakal benerake senajan
dereng nate tindak dateng makkah nopo maleh perso wujude kutho makkah, yakin
ingkang model mekaten dipon wastani ilmu yaqin kranten namung adedasar
pengetahuan ingkang kulo panjenengan sami tampi
Maqom ‘ainul yaqin, bileh
kulo panjenengan sami dipon tangkeleti kelawan pitakon ingkang sami lan kita
mbenaraken, adedasar kulo utawi panjengan pancen sampun nate tindak dateng
makkah lan mirsani ugi nyatakne wujudipon kutho Makkah.
Maqom Haqqul yaqin, bileh
kelawan pitakon ingkang sami kaliyan nginggil kulo panjenengan sami mbeneraken
adedasar jalaran kulo panjengan pancen sampon dangu anggen ipon mukim wonten
ing kutho makkah, ngantos apal kelawan dusun ugi dalan-dalanipon, sahinggo
pembenaran utawi yaqin kulo panjenengan sami mboten wonten ingkang ngaru biru
utawi mblawuraken dateng yaqin kita kolowahu. Menawi sampun dumugi yakin
ingkang kados mekaten saget dipon wastani haqqul yakin.
Pramilo saksamponipon nyumerapi sekelumit tentang iman, sumonggo
sesarengan nyuwun dating gusti, mugi tansah dipon paringi tetep ipon iman, soho
saget gayuh maqom ingkang pinuji wonten ngarso dalem allah SWT.
Kagem khutbah mbenjing
BalasHapusDawuh leres
HapusIjinkan saya menggunakan ya syekh....
BalasHapusKanthi bungahe manah, kasumangga aken
Hapus