Manungso, kolomonggo, semut lan tawon


Oleh : Zamahsari Abdul Azis

Manungso anggadahi mawarni warni bentuk kecerdasan, wonten ingkang kawastanan kecerdasan intlektual, kecerdasan spiritual lan ugi kecerdasan emosional. Prayoginipon saben manungso anggadahi sedanten kecerdasan meniko kolowahu kanthi seimbang, supados gampil anggenipon nggayuh sa’adah fiddunya wal akhiroh, bahagia dunia dan akhirat. Kranten menawi tiyang meniko unggul woten ing kecerdasan intlektual utawi akal ananging kawon wonten ing kecerdasan emosi, tiyang meniko kolowahu, menawi pikantuk coba utawi musibah langkung gampil terjangkit stress utawi depresi, nopo maleh menawi tiyang kolowahu pinter ananging boten kagungan kecerdasan spiritual, piyanton ingkang kados mekaten boten kagungan ajreh dateng gusti allah SWT, kepinteranipon namong kanggo minteri sakpodo podonipon, bahkan sakmeniko sampon muncul penelitian ingkang nerangaken, bileh kecedasan intlektual namung beperan sebesar 20 % wonten kesuksesan uripipon manungso, lintunipon dipon tentoaken dening kecerdasan emosi ugi kecerdasan spiritual, ingkang kito kenal kelawan kecerdasan hati.            Dene kecerdasan emosi meniko saget dipon ukur kelawan kemampuan mengendalikan emosi lan menahan diri, ingkang wonten ajaran islam kito kenal kelawan sabar. Wondene Piyantun ingkang sabar kagungan maqom ingkang mulyo wonten ngarso dalem allah SWT. kados ingkang kadawuhaken ان االله مع الصابرين

Gegayutan kaliyan meniko, wonten 3 jenis sato kewan  ingkang saget dipon pundut I’tibar, dipon pundut pelajaran ingkang magepokan kelawan sifat lan tabiatipon manungso. Hayawan telu niki anggadahi keistimewaan kabandingaken hayawan lintunipon, kranten kapileh dados asma-asma surat wonten ing saklebeting alqur’an, hayawan telu niki inggeh puniko semut, laba-laba, lan tawon, ketigonipon dados asma surat alqur’an “an-naml, al-ankabut ugi an-nahl

Menawi kito amati  hayawan 3 niki, wonten karakteristik ingkang mirip kaliyan sifat lan tabiatipon manungso. kadosto semut, semut anggadahi perilaku nglumpukaken panganan sekedik-sekedik nanging tanpa leren tanpo prei, bahkan Wonten ingkang dawuhaken bileh semut niki kiat nglumpokaken panganan ingkang cekap kagem pinten-pinten tahun, padahal umuripon semut meniko mboten ngantos setunggal tahun, semut meniko inggeh asring mikul samukawis ingkang boten migunani senajan ukuranipon langkung ageng lan bobot ipon barang kolowahu langkung abot tinimbang badanipon piyambak.

Benten maleh kaliyan laba-laba, alqur’an ndawuhaken bileh susuhipon laba-laba meniko minongko panggonan ingkang paling rapuh

وَإِنَّ أَوْهَنَ الْبُيُوتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوتِ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ

    Ugi panggenan ingkang boten aman kagem hayawan sejenisipon, nopo kemawon ingkang wonten saksandingingipon susuh kolowahu saget dipon mangsa, nopo maleh hayawan serangga ingkang boten sejenis, bahkan pejantanipon saget dipon pejahi dening betinanipon saksampune proses pembuahan, kranten pancen sedanten jenis laba-laba anggadahi sifat predator utawi pemburu.

    Benten semut, benten carang manding ugi benten tawon, magepokan kaliyan tawon,  alqur’an nggambarake, bileh hayawan niki anggadahi insting ingkang inggil lan sae, anggenipon mileh panggenan lan model susuhipon adedasar pituduhipon gusti allah, kados ingkang kadawuhaken

وأوحى ربك إلى النحل أن التخذى من الجبال بيوتا ومن الشجروممّا يعرشون

Bentuk tolonipon segi enam, boten segi empat utawi segi lima supados boten terjadi pemborosan lokasi, ingkang dipon sesep tawon ugi barang ingkang sae, inggeh puniko sari patinipon  kembang, tawon benten kaliyan semut, bileh semut senenganipon numpuk panganan ananging tawon malah ngolah panganan, ingkang hasil olahhanipon saget migunani kagem makhluk lintu, termasuk kito umat manungso, ing antawisipon lilin lan madu. Tawon ugi benten kaliyan laba-laba, bilih hampir sedanten laba-laba anggadahi sifat predator, tawon malah sakwangsulipon, tawon boten bade ganggu menawi boten dipon ganggu, ugi tawon meniko boten ngentup menawi boten dipon jarak, bahakan sakmeniko sampon berkembang pengobatan alternative ingkang berbasis entup tawon.

Sifat lan tabiatipon manungso asring anggadahi persamaan kaliyan perilaku hayawan tigo kolowahu. Wonten manungso ingkang anggadahi budaya kados semut, sae niku numpok bondo utawi numpuk ilmu, kranten menawi ngumpulaken bondo ananging boten dipon tasarufaken kelawan sakmesthinipon meniko ugi sami kaliyan semut, semanten ugi numpuk ngilmu, menawi boten dipon olah lan boten dipon amalake ugi sami kaliyan tabiatipon semut, senenganipon numpuk samukawis ingkang mboten migunani kagem urip ipon.

Ugi wonten manungso ingkang anggadahi tabiat ingkang mirip kaliyan tabiatipon laba-laba, dados predator utawi pemangsa kagem sakpodo-podonipon, sikap lan tindak tandukipon boten saged ndamel tentrem sakpodo-podo ugi lingkunganipon.

Saking hayawan-hayawan ingkang istemewa meniko kolowahu, kintene tawon ingkang saget kito pundut pelajaran saking toto coro uripipon. Sepisan, tawon meniko kagungangan system organisasi ingkang sae ugi sampon ngetrapaken system pembagian kerja. Pramilo wonten tawon ingkang tugasipon mbangun tolo, wonten tawon ingkang tugasipon pados saripati kembang, ugi wonten ingkang fugsipon ngendok kemawon ingkang kawastanan ratu tawon, bahkan ratu tawon meniko kiyat ngasilake kaleh ewu ( 2000 ) endog saben dintenipon. Ingkang kaping kaleh tawon meniko saget paring manfaat dateng sesami makhluk, termasuk kito umat manungso, ing antawisipon royal jelly, madu, lilin, susuh utawi tolonipon sebagian saget kito konsumsi bahkan sakmeniko entup tawon sampon dipon kembangaken dados sarana pengobatan mawerni werni penyakit. Bahkan saking saene totocoro urip ipon tawon kanjeng nabi ndamel tamsil / ndamel perumpamaan bileh tiyang mukmin / tiyang iman meniko lir kadyo tawon, kados dawuh ipon njeng nabi

عن عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرِو بْنِ الْعَاصِ أَنَّهُ سَمِعَ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ وَالَّذِي نَفْسُ مُحَمَّدٍ بِيَدِهِ إِنَّ مَثَلَ الْمُؤْمِنِ لَكَمَثَلِ النَّحْلَةِ أَكَلَتْ طَيِّبًا وَوَضَعَتْ طَيِّبًا وَوَقَعَتْ فَلَمْ تُكْسَرْ وَلَمْ تَفْسُدْ

     Ingkang suraosipon; padanane wong mukmin iku podo karo tawon,( أَكَلَتْ طَيِّبًا) dahar perkro seng apik , (وَوَضَعَتْ طَيِّبًا) ngasilake perkoro seng apik/produktif, (وَوَقَعَتْ فَلَمْ تُكْسَرْ وَلَمْ تَفْسُدْ ) bahkan menawi ceblok boten ngrusak perkawis ingkang dipon cebloki menawi menclok mboten ngrusak perkawis ingkang dipon encloki.

        Mugi kito saget meneladani kesaenan saking perilaku utawi toto coro uripipon tawon sekaligus saget ngamalaken tamsil utawi perumpaan ingkang dipon dawuhaken kanjeng nabi Muhammad SAW wonten nginggil kolowahu, amiin.


Komentar

  1. Subhanalloh.... Luarbiasa... Sae sanget Yai..

    BalasHapus
    Balasan
    1. Matursuwun sanget rawuh ipon, pangestu panjenenengan tansah kawulo suwun

      Hapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. Kadang nggh perlu dados sedaya model meniko... hee

    BalasHapus
    Balasan
    1. Apalagi bagi aktor/youtuber kados panjenenengan, harus bisa jadi semuanya

      Hapus
  4. Masuk, Kulo dmel tugas geh pk.....?

    BalasHapus
  5. Saya belum mengerti, taklid saja dengan kiai

    BalasHapus
  6. kito sedoyo setidaknya saget mundut hikmah saking tigo hayawan meniko.. 🙏🙏

    BalasHapus
  7. Pencerahan hidup untuk tetap elegan di saat banyak diseputar qt yg sudah mirip dg semut dan laba laba....

    BalasHapus
    Balasan
    1. Semoga kita bisa mencopi perumpamaan nabi atas tawon, terima kasih atas hadir nya

      Hapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Ulama

OPTIMISME DAN HARAPAN