Manungso, kolomonggo, semut lan tawon
Oleh : Zamahsari Abdul Azis
Manungso anggadahi mawarni warni bentuk kecerdasan,
wonten ingkang kawastanan kecerdasan intlektual, kecerdasan spiritual lan ugi
kecerdasan emosional. Prayoginipon saben manungso anggadahi sedanten kecerdasan
meniko kolowahu kanthi seimbang, supados gampil anggenipon nggayuh sa’adah
fiddunya wal akhiroh, bahagia dunia dan akhirat. Kranten menawi tiyang meniko
unggul woten ing kecerdasan intlektual utawi akal ananging kawon wonten ing
kecerdasan emosi, tiyang meniko kolowahu, menawi pikantuk coba utawi musibah
langkung gampil terjangkit stress utawi depresi, nopo maleh menawi tiyang
kolowahu pinter ananging boten kagungan kecerdasan spiritual, piyanton ingkang
kados mekaten boten kagungan ajreh dateng gusti allah SWT, kepinteranipon
namong kanggo minteri sakpodo podonipon, bahkan sakmeniko sampon muncul
penelitian ingkang nerangaken, bileh kecedasan intlektual namung beperan
sebesar 20 % wonten kesuksesan uripipon manungso, lintunipon dipon tentoaken
dening kecerdasan emosi ugi kecerdasan
spiritual, ingkang kito kenal kelawan kecerdasan hati. Dene kecerdasan emosi
meniko saget dipon ukur kelawan kemampuan mengendalikan emosi lan menahan diri,
ingkang wonten ajaran islam kito kenal kelawan sabar. Wondene Piyantun ingkang
sabar kagungan maqom ingkang mulyo wonten ngarso dalem allah SWT. kados ingkang
kadawuhaken ان
االله مع الصابرين
Gegayutan kaliyan meniko, wonten 3 jenis sato kewan ingkang saget dipon pundut I’tibar, dipon
pundut pelajaran ingkang magepokan kelawan sifat lan tabiatipon manungso.
Hayawan telu niki anggadahi keistimewaan kabandingaken hayawan lintunipon,
kranten kapileh dados asma-asma surat wonten ing saklebeting alqur’an, hayawan
telu niki inggeh puniko semut, laba-laba, lan tawon, ketigonipon dados asma
surat alqur’an “an-naml, al-ankabut ugi an-nahl
Menawi kito amati hayawan 3 niki, wonten karakteristik ingkang
mirip kaliyan sifat lan tabiatipon manungso. kadosto semut, semut anggadahi
perilaku nglumpukaken panganan sekedik-sekedik nanging tanpa leren tanpo prei,
bahkan Wonten ingkang dawuhaken bileh semut niki kiat nglumpokaken panganan
ingkang cekap kagem pinten-pinten tahun, padahal umuripon semut meniko mboten
ngantos setunggal tahun, semut meniko inggeh asring mikul samukawis ingkang
boten migunani senajan ukuranipon langkung ageng lan bobot ipon barang kolowahu
langkung abot tinimbang badanipon piyambak.
Benten maleh kaliyan laba-laba, alqur’an ndawuhaken
bileh susuhipon laba-laba meniko minongko panggonan ingkang paling rapuh
وَإِنَّ
أَوْهَنَ الْبُيُوتِ لَبَيْتُ الْعَنْكَبُوتِ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ
Ugi panggenan ingkang boten aman kagem hayawan
sejenisipon, nopo kemawon ingkang wonten saksandingingipon susuh kolowahu saget
dipon mangsa, nopo maleh hayawan serangga ingkang boten sejenis, bahkan
pejantanipon saget dipon pejahi dening betinanipon saksampune proses pembuahan,
kranten pancen sedanten jenis laba-laba anggadahi sifat predator utawi pemburu.
Benten semut, benten carang manding ugi benten tawon, magepokan
kaliyan tawon, alqur’an nggambarake,
bileh hayawan niki anggadahi insting ingkang inggil lan sae, anggenipon mileh
panggenan lan model susuhipon adedasar pituduhipon gusti allah, kados ingkang
kadawuhaken
وأوحى
ربك إلى النحل أن التخذى من الجبال بيوتا ومن الشجروممّا يعرشون
Bentuk tolonipon segi enam, boten segi empat utawi
segi lima supados boten terjadi pemborosan lokasi, ingkang dipon sesep tawon ugi
barang ingkang sae, inggeh puniko sari patinipon kembang, tawon benten kaliyan semut, bileh
semut senenganipon numpuk panganan ananging tawon malah ngolah panganan, ingkang
hasil olahhanipon saget migunani kagem makhluk lintu, termasuk kito umat
manungso, ing antawisipon lilin lan madu. Tawon ugi benten kaliyan laba-laba,
bilih hampir sedanten laba-laba anggadahi sifat predator, tawon malah
sakwangsulipon, tawon boten bade ganggu menawi boten dipon ganggu, ugi tawon
meniko boten ngentup menawi boten dipon jarak, bahakan sakmeniko sampon
berkembang pengobatan alternative ingkang berbasis entup tawon.
Sifat lan tabiatipon manungso asring anggadahi
persamaan kaliyan perilaku hayawan tigo kolowahu. Wonten manungso ingkang
anggadahi budaya kados semut, sae niku numpok bondo utawi numpuk ilmu, kranten
menawi ngumpulaken bondo ananging boten dipon tasarufaken kelawan
sakmesthinipon meniko ugi sami kaliyan semut, semanten ugi numpuk ngilmu,
menawi boten dipon olah lan boten dipon amalake ugi sami kaliyan tabiatipon semut,
senenganipon numpuk samukawis ingkang mboten migunani kagem urip ipon.
Ugi wonten manungso ingkang anggadahi tabiat ingkang
mirip kaliyan tabiatipon laba-laba, dados predator utawi pemangsa kagem
sakpodo-podonipon, sikap lan tindak tandukipon boten saged ndamel tentrem
sakpodo-podo ugi lingkunganipon.
Saking hayawan-hayawan ingkang istemewa meniko
kolowahu, kintene tawon ingkang saget kito pundut pelajaran saking toto coro
uripipon. Sepisan, tawon meniko kagungangan system organisasi ingkang sae ugi
sampon ngetrapaken system pembagian kerja. Pramilo wonten tawon ingkang tugasipon
mbangun tolo, wonten tawon ingkang tugasipon pados saripati kembang, ugi wonten
ingkang fugsipon ngendok kemawon ingkang kawastanan ratu tawon, bahkan ratu
tawon meniko kiyat ngasilake kaleh ewu ( 2000 ) endog saben dintenipon. Ingkang
kaping kaleh tawon meniko saget paring manfaat dateng sesami makhluk, termasuk
kito umat manungso, ing antawisipon royal jelly, madu, lilin, susuh utawi
tolonipon sebagian saget kito konsumsi bahkan sakmeniko entup tawon sampon
dipon kembangaken dados sarana pengobatan mawerni werni penyakit. Bahkan saking
saene totocoro urip ipon tawon kanjeng nabi ndamel tamsil / ndamel perumpamaan
bileh tiyang mukmin / tiyang iman meniko lir kadyo tawon, kados dawuh ipon
njeng nabi
عن عَبْدِ اللَّهِ بْنِ عَمْرِو بْنِ الْعَاصِ أَنَّهُ سَمِعَ رَسُولَ اللَّهِ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ قَالَ وَالَّذِي نَفْسُ مُحَمَّدٍ بِيَدِهِ إِنَّ مَثَلَ الْمُؤْمِنِ لَكَمَثَلِ النَّحْلَةِ أَكَلَتْ طَيِّبًا وَوَضَعَتْ طَيِّبًا وَوَقَعَتْ فَلَمْ تُكْسَرْ وَلَمْ تَفْسُدْ
Ingkang suraosipon; padanane wong mukmin iku podo karo tawon,( أَكَلَتْ طَيِّبًا)
dahar perkro seng apik , (وَوَضَعَتْ طَيِّبًا) ngasilake perkoro seng apik/produktif, (وَوَقَعَتْ فَلَمْ تُكْسَرْ وَلَمْ
تَفْسُدْ ) bahkan menawi ceblok boten
ngrusak perkawis ingkang dipon cebloki menawi menclok mboten ngrusak perkawis
ingkang dipon encloki.
Mugi kito saget meneladani kesaenan saking perilaku utawi toto coro uripipon
tawon sekaligus saget ngamalaken tamsil utawi perumpaan ingkang dipon dawuhaken
kanjeng nabi Muhammad SAW wonten nginggil kolowahu, amiin.
Subhanalloh.... Luarbiasa... Sae sanget Yai..
BalasHapusMatursuwun sanget rawuh ipon, pangestu panjenenengan tansah kawulo suwun
HapusSantun dan mengena. 👍👍👍🙏
BalasHapusTerima kasih atensi nya
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKadang nggh perlu dados sedaya model meniko... hee
BalasHapusApalagi bagi aktor/youtuber kados panjenenengan, harus bisa jadi semuanya
HapusMasuk, Kulo dmel tugas geh pk.....?
BalasHapusInggeh, mbok bileh kagem tugas nopo to
HapusSaya belum mengerti, taklid saja dengan kiai
BalasHapusBarangkali apakah bahasa yang menjadi kendala
Hapuskito sedoyo setidaknya saget mundut hikmah saking tigo hayawan meniko.. 🙏🙏
BalasHapusAmiin amiin ya robbal alamin, terima kasih
HapusPencerahan hidup untuk tetap elegan di saat banyak diseputar qt yg sudah mirip dg semut dan laba laba....
BalasHapusSemoga kita bisa mencopi perumpamaan nabi atas tawon, terima kasih atas hadir nya
Hapus